elangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelangelang

Selasa, 14 Februari 2017

Karangan Rumah

Jaman Tempo Doeloe, omahku duwe mburitan. lemahi urip dicukuli rupo wit-witan. akehe macem wit gedang klotok. uwohi ora pati akeh. wit-witane akeh muter arahe ing arah wetan lan kulon.
liyane iku, yo wit suket-suketan. yen nganggur, aku nandhur telo ing kidule tanduran gedang. biasane telo bongkeng sing tak tandur. meh ora tak sirami. cukule sak karepe dewe. wit gedange tambah duwur, godonge iso gawe bungkus nogosari isi gedang. sebelah kidul rodok kulon ono wit liyane sing aku tak eleng.
Jaman biyen, dalan mburi ditutupi wit langsep. duwure sak genteng. sai iki wis ora ono.
Ing Ngarep omah njobo dipageri ribang dan wet kates. ing latar ono wit jambu kapok sebelah kidul lan wit klampok cilik sebelah lor. wohe yo akeh. jambune sampek podho lugur ing ngisor kerono akehe wohe. wit jambu sigar loro ing batange. biasane aku menek lan singgahan ing duwure ranting. kuat gawe pirang jam lan dinoan. ayem lan rindang ing ngisore. hawane seger lan mbetahi gawe lungguh-lungguhan. sak iki ribange rupo pager wesi ireng lan jambune rupo pot isi lemah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar